sawah


Naliko wayah esok, srengenge durung njedul. Manuk-manuk wes podo mbleber golek pangan ninggalake anake seng isih cilik-cilik. Manuk cilik kui mau podo teng cruit kanti pengarep-arep biyunge ndang bali gowo lolohan. Semono uga manungsa seng pada duwe pakaryan bakul wes menyang pasar. padha nggowo tenggok isi dagangan, mlaku karo pangarep-arep dagangane laris. muleh kari nggawa tenggok kosong karo lembaran rupiah.

Esok kui, Mbah Wongso mlaku menyang sawah gawa pacul di sampirke pundak tengen. tangan kiwane kethok ana tangane mawane, mawa seko udut lintingane dewe. klepas klepasklepus nikmati banget kebul udute turut dalan. Wektu kui Parjo lagi ngapu ono latar sek kebak godong pelem.
"Mruput Mabah! rindak sabin?"
"genah gawa pacul ngene, mosok arep lungo njagong" saure mbah Wongso sak kecekele.
Mbah Wongso sanajan wes tua isih seneng guyon, malah ana seng ngarani mbah Gaul.
"Panjenengan niku geh aneh kok mbah. mangekh nek kula mbeten aruh-aruh mangkeh di arani cah enom mbeten ngertos unggah-ungguh"
"wah bener Le! lah koe lagi nyapu?" Mbah Wongso takon
"mbeten Mbah, niki nembe dhahar" Parjo mbales mbah Wongso
"Malah mbales!! dhahar gundulmu di amputasi" guyon Mbah Wongso
wong loro banjur padha ngguyu.
Tekan sawah Mbah wongso banjur nyelehake pacule, banjur lungguh nyawang tandurane pari sinambi ngetekake udute.
sakwise entek udute, banjur Mbah Wongso ngadek mbabati suket ono sak pinggire tanduran pari. Sukete di klumpokake dinggo pakan wedhus.
Nalika jam songo esuk anake seng wadhon Suminah gawake sarapan lan wedang teh seng nasgitel (panas, legi lan kenthel). kringet wes dleweran weteng yo wes pating kluthuk.
"Pak! sarapan rumiyen"
"wah kepeneran, wetengku yo wes kluruk njaluk di isi" saur Mbah Wongso
"wau sakedengipun tindak kapurih dhahar rumiyen mbeten purun, lha sampun mateng sedanten"
"mangan ki paling enak nek wes luwe ngene kiyi!"
Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh, nyenengake tenan di sawang. Mula ora mokal sanajan wes sepuh isih gagah. olahragane macul ora leren, dhahare yo akeh tenan. bar dhahar banjur njupuk benteran nasgitel, banjur nginting udut.
kesenengan seng keri kui jan-jane wes dilarang anake wadhon.
"Pak! mbok ses-ipun dipun kurangi! nek saget mbetensah udutke mawon"
rung ngansi omonge ramung ono wong 2 numpak motor marani mbah wongso lan anake.
"Pak badhe tanglet sinten engkah gadhah sabin niki?" pitakon wong loro kie mau
"kula!! wonten napa geh??"
"panjenengan sewa sabin niki sakeng sinten?"
" lah niki sabin kula! njenengan ampun pados perkara! kula tumbas sedoso taun kepengkeer, wonten sertifikatipun"
bajur wong loro lanang wadon mau podo ulat-ulatan gumun.
"Sabar rumiyen Mbah! sabin niki sabin kula, kula tumbas kaleh welas taun kepungkur. lajeng kulo tinggal merantau, sabin niki kula ken garap tiang seng garap rumiyen Prapto. kula padosi tiangipun sampun tilar donyan, mula kula tindak mriki."
riyen niki nggih sawah Prapto, nanging sampun kulo tumbas. njenengan ajeng apus-apus!!"
"mbeten mbah, saniki ngeten mawon. mbenjang kulo sowan wonten daleme simbah. nek jenengan ragu nyuwun di sekseni aparat desa, utawi sinten ke mawon engkang ngertos babakan niki."
Dino seng di pilih kanggo rembukan wes teka. neng omahe Mbah Wongso wes ono perangkat desa, pak RT, pak RW, uga ana ponakane seng polisi dinggo nyekel yen pancen ngapusi. let wektu ono mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso banjur mudin wong papat seng loro seng nemoni mbah wongso ana sawah. seng loro gowo tas koper. saktekane jero omah wong loro seng ra di kenal mau bukak koper seng isine sertifikat lemah. wong loro mau pengacara seng ngerti babakan sertifikat. banjur wong-wong seng ana neng kono mau rembukan gayeng nganggo bahasa Indonesia. mbah Wongso ra dong apa seng di rebugke. sakwise rembug rampung banjur kabeh podo meneng.
"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin banget.

"Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau menehi keterangan.

"Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap.

"Pak!!! Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.

Tidak ada komentar: